Keep smiling keep shining
Knowing you can always count on me
For sure .. that’s what friend are for
In good times and bad times
I’ll be on your side forever more
That’s what friend are for ...
kirim karya kawan-kawan di tata.sugandhi@gmail.com

Senin, 06 Februari 2012

PASRAH

    Ing dalan kang sepi semilir samirana ing nakasa raya
    Gegodongan pada gugur ing bumi pertiwi
    Sepi wis genggem swasana ing wengi kang cerah iki
    Warsa kang deres nambah gayenging papan palerenan
    Papan kanggo para kuwandha
    Sing mbujur kaku ing ngisor bumi
    Tatahan asma linukir ing watu-watu kijing
    Donga saka para jalma rinacang kanggo arwah para kuwandha
    Wus ra ana pengarep arep anane yo mung pasrah
    Dhumateng Gusti kang Maha Kuwasa
Sutradara ing gegana wus nyiapake teks skenario kanggo kita para jalma
Apa sing dikersakake sang sutradara ora bisa diowah-owah sakarepe dhewa
Kita tansah andap asor nampa kabeh ono trep ana ing ati
Tapi sadaya kersa-Ne ora luput kanggo karaharjan uriping kita manungsa ing donya

Dening : EKO BAYU P
Kelas : X, SMU N 1, Sentolo Kulonprogo
Komunitas Jogoluhur

Tidak ada komentar:

Posting Komentar